KRIKIL-KRIKIL RAMADHAN


Bareng pangkat lan jabatane mundhak kamangka kudu ngenggoni kantor anyar, Wratsongko kudu bisa nyla- rasake dhiri. Ora mung nylarasake dhiri karo aturan sing wis lumaku, nanging uga magepokan karo tingkah laku. Minangka pawongan sing ngaku muslim (jumbuh karo biodata-ne), pancen kudune dhewe­ke nindakake sarengate, minimal nglakoni sembahyang. Rak aran lucu yen kabeh kar­yawane padha khusuk-khusuk kok dhe­weke minangka pimpinan cabang malah ora tau shalat!
Kantore Wratsongko sing anyar iki pancen beda karo kantore sing ndhisik. Ing kene, ing kantor cabang iki, ana atur­an saben wancine manjing Dzuhur kabeh karyawan (kejaba karyawan wadon sing lagi alangan) kudu nindakake shalat bar­jamaah ing mushala kantor. Semono uga yen ngepasi dina Jemuwah, karyawan lanang wajib jemuwahan ing Masjid Jamik sing kapinujon manggone ora pati adoh karo kantor. Aturan iki tinggalane pim­­pinan lawas, sing saiki ditarik me­nyang pusat merga nglungguhi jabatan direktur. Kapinujon karyawan ing kantor cabang iki kabeh muslim. Saengga aturan – sing saiki wis dadi kabutuhan – iku bisa lumaku rancag.
Wratsongko, sing sakawit ora tau shalat, kudu bisa nylarasake dhiri. Kanggo iku dheweke sregep sinau buku-buku agama utamane tuntunan shalat. Sejatine pengin ngundang ustad supaya menehi kursus privat. Ning dheweke gengsi. Mula milih sinau dhewe. Tujune biyen dhek jaman isih SMP wis tau sregep shalat, awit guru agamane – wektu iku Pak Mu­hammad Amrullah – setreng ba­nget. Saiki bareng angone nglakoni shalat lumaku telung wulan, wis rada kulina. Ora ki­dhung maneh. Ya mung yen kudu ngi­mami, Wratsongko durung saguh.
Tumapake wulan suci Ramadhan taun iki – kaya taun-taun sadurunge – ajeg diantu-antu dening kabeh umat muslim. Awit wulan Ramadhan mujudake wulan sing kebak barokah. Wratsongko sing kepengin dadi muslim sawutuhe, kudune uga rumangsa seneng. Emane ana gan­jelan sing meksa gawe ketir-ketire. Yaiku kuwajiban nindakake pasa sesasi wutuh. Apa dheweke kuwat? Kamangka sasuwe­ne iki babarpisan durung tau nindakake pasa. Aja maneh pasa wajib sing suwene sesasi, kasep mangan ngono bae wis ngle­mesi.
“Yen pancen ra kuwat ya ora sah pasa ta Pak. Mosok kok dipeksa. Kok gelem timen awake dadi lara,” aloke sing wadon nalika bab kasebut dikandhakake.
“Wah, ya ra bisa ta  Bu. Mendah aloke para karyawan yen ngerti aku ra pasa. Pimpinan rak kudu dadi panutan,” tu­mang­gape Wratsongko.
“Lha nek pancen ra kuwat-kuwat tenan?  Eh, apa anu Pak. Ngene ae. Neng kantor sampeyan ethok-ethok pasa. Ning yen neng ngomah ora susah pasa,” krenahe sing wadon.
Wratsongko meneng. Sajak nglim­bang-nglimbang. Nanging wusanane aweh wangsulan,”Wah, kuwi jenenge ngapusi. Ora mung ngapusi para karya­wan, ning ya ngapusi awake dhewe lan ngapusi Gusti Allah!”
“Yen ngono sampeyan kudu mantep. Aja wedi kaliren. Rak durung tau krungu ana wong mati merga pasa. Mengko dak­kancani. Aku ya pengin tiru-tiru sampe­yan, pengin dadi muslimah sing tenanan,” ujare sing wadon karo mandeng tajem.
“Tenan Bu? Alhamdulillah … !”  Wrat­songko nggapyuk sing wadon, dirangkul kenceng.
Wratsongko sida nindakake pasa. Pasa tenanan, ora mung rewa-rewa. Semono uga sing wadon, sing wis saguh ngancani. Eman, anake loro sing neng SMA durung gelem. Wratsongko apadene bojone ora wani meksa.
Dina iki wis ganep seminggu Wrat­songko lan sing wadon nindakake pasa. Jaragan lagi sepisan iki nglakoni pasa, ora aneh yen Wratsongko rumangsa kesiksa. Utamane ing wanci jam-jam ngarepake dzuhur. Wah, weteng rasane ngintir-intir perih. Awake lemes. Kamangka…..

0 komentar:

Posting Komentar