ASAL MULA NAMI BATANG

                Ing jaman ingkang sampun kapungkur,kinten-kinten ing jaman Majapahit daerah Batang menika sampun dipunkenal wonten ing sejarah,nanging ing Batang menika piyambak lair kinten-kinten 2,5 abad ing jaman kerajaan Mataram Islam ingkang kapimpin dening Suitan Agung Hanyokrokusuma Th.1613-1645. Ing wekdal semanten daerah Batang sisih wetan ,kinten-kinten sisih wetan kali sambong,saniki taksih dados wana belantara ingkang dipunkenal alas roban siluman. Dipunnamani kados mekaten krana ing alas roban wau konon dipunhuni dening para siluman utawi jin-jin setan lan sanesipun. Dipuncariyosaken bilih ingkang dados jin/siluman ing ngriku naminipun Dadungawuk.
                   Sultan Agung sampun nyiapaken bekal kangge nyerang VOC menyang Jakarta ingkang wekdal semanten dipunnamani Batavia. Sultan Agung ngutus Bupati Kleyangan(samenika daerah subah) ingkang name Dipokusomo kangge nebang alas roban siluman kangge dipundadosaken sawah-sawah guna nyukupi kebutuhan pangan para prajurit ingkang badhe nyerang menyang Batavia. Nanging krana gangguan-gangguan saking para siluman ingkang manggon ing wana wau,kamangka para pakerja Bupati Kleyamgan kathah ing sedo,lan penebangan wau mboten kasil. Bupati Dipokusuma binggung,wonten laporan sakiung Mataram bilih piyambakipun boten sanggup nebang. Tiyang punggawa kerajaan Mataram ingkang nami ki gedhe Cempaluk krana wonten salah kaliyan Sultan Agung mangka dipunpedhot saking jabatanipun lan piyambakipun kondur menyang Kesesi. Ki Ageng Cempaluk sampun kathah dipun kenal dados tiyang ingkang sekti lan kathah ilmunipun.
                   Kelingan babagan mekaten lajeng Bupati Dipokusuma tindak menyang Kesesi kangge nyuwun bantuan kaliyan ki Ageng Cempaluk, kalian janji menawi piyambakipun saged nebang alas roban wau,badhe dipunsuwunaken ngapura ing S.Agung. Bingah manahipun ki Ageng,mangka dipunutusaken putranipun nem-nem kang sekti ingkang name Joko Bahu kangge nglaksanaaken tugas wau.
Penebangan dipunlaksanaaken saking arah wetan(kleyangan subah)menyang kulon ngantos kali gedhe(kali sambong). Krana alas wau badhe dipundamel dados daerah persawahan mangka perlu dipunwontenaken pengairan. Lajeng dipun damel bendungan ing kali wau. Banyu mili menyang daerah alas kang sampun ditebang wau supados lema wau saged lekas dipungarap kangge persawahan.
                   Mangka piyambakipun cepet-cepet ndamel bendungan. Nanging rupane aliran kali wau mboten tetep,kadhang arusipun lendhek,kadhang banter. Nanging tiba-tiba arus dados gedhe sahingga bendungan kang nembe dipundamel jebol. Joko Bahu nylidiki sebab-sebabipun. Dipunngertosi dening piyambakipun bilih wonten ngingil kedung kali wonten watag (prahu ageng) kang malang ing tengah kali wau. Anak buahipun mboten sanggup mindhahaken wateg wau krana saking agenge,ugi mbetahaken watu ageng kangge mbendung.
         Mangka Joko Bahu nglakokaken tapa ing pinggir kali supados angsal kekiyatan gaib,supados saged nyingkiraken watag kang malang ing tengah kali wau,sarta watu ageng,lan wekdal semanten keleresan malem jumat kliwon. Saking tekune olehe tapa mangka badhe fajar,bener-bener angsal watu ageng. Sesampunipun yakin bilih piyambakipun angsal keramat utawi kekiyatan gaib  mangka piyambakipun langsung tumuju dhateng panggonan watag kang malang wau. Watag kang waunipun ageng sanget sakniki ketingal dados alit. Lajeng watag wau dipunjunjung lan dipuntugel dados kalih tanpa rekaos. Saking prastawa ngembat watag menikalah daerah menika dipunnamaani “Batang” inggih punika saking tembung “ngembat watang” dados “mbatang”. Lajeng kali kangge panggenan Joko Bahu angsal kekiyatan gaib dipunamani “kali kramat”krana Joko Bahu angsal kekiyatan gaib ing malem jumat kliwon,mila ing saben dinten jumat kliwon wau dados tradisi “kliwonan” kathah dipunrawuhi tiyang-tiyang kathah kangge mengeti dinten lan panggenan kramat wau.

0 komentar:

Poskan Komentar